Gedhe Rumangsa
Koyo paribasan, “ojo rumangsa bisa, nanging sing bisa rumangsa”.
IKI dudu wecaning surasane Ranggawarsita. Iki mung unine ramalan Buku Kerangka Dasar Visi 2030, sing wis dibyawarakake ing Istana Negara dening Presiden Susilo Bambang Yudhoyono (SBY) piyambak. Diumumake, 2030 mengko, Indonesia bakal dadi negara sugih lan makmur. Pendhak taun, saben sirah pengasilane 18.000 dolar AS. Lan 200 perusahaan ing Indonesia bakal kagolongake ing urutaning 500 perusahaan sing klebu paling gedhe lan sukses ing jagad internasional.
Ndhak iya? Mengkono panarimane wong-wong, nalika mireng kabar kabungahan mau. Lire, akeh wong kang mangu-mangu, kepara padha gumuyu mergo nganggep kabar iku mung wewatonan sing lucu. Pancen, mbarengi wara-wara mau, Presiden SBY paring sesorah, “Bangsa sing arep maju, kudu ndarbeni impen sing gedhe.” Bener, ngimpi ya ngimpi, ning apa dudu jeneng keladhuk kurang duga yen aku wani ngimpi, menawa 2030 negaraku bakal nglungguhi urutan nomer lima, ing mburine negara China, US…
Related posts:
Wikusama (noun) : nick community alumni [1] widyaloka kusuma samekta makarya [2] tempat mencari ilmu yang bersinar, harum, mewangi, yang mendidik dan menyiapkan sumber daya manusia agar siap terjun ke dunia kerja [3] ikatan alumni smk telekomunikasi sandhy putra malang [4] tidak mengenal batas generasi dan umur; mailing-list [1] wikusama@wikusama.com
Latest Comments